banner 468x60

ALAMING LELEMBUT, Dening Dhemite Salon

Sumber : Majalah Penyebar Semangat No.7
Sumber : Majalah Penyebar Semangat No.7

Dhemite Salon

“Salon tutup ya mbak ?“
Sulis kaget nampa tilpun saka salah sijine pelanggane.
“Lho.. bukak kawit mau kok“ wangsulane kanthi kebak gumun.
“Lhah…aku bola bali liwat ngarep salon lha kok katon tutup. Peteng. Sepurane, merga selak kesusu, aku kepeksa menyang salon liya“
Siji maneh pelanggane ucul.

banner 604x812

Iki kedadeyan wis bola bali. Manut critane para pelanggan, salone sering tutup, katon peteng. Kamangka Sulis ora tau tutup salon. Bukak saben dina, wiwit jam 09.00 esuk nganti jam 8 bengi.

Banjur ana crita maneh saka Mbak Wiwit, pelanggan lawas. Jarene ana pawongan ireng gedhe banget ngalang-alangi anggone arep mlebu ing salon. Jalaran keweden, pungkasane bali mulih, wurung mlebu salon. Crita iki kedadeyan sepuluh dina kepungkur nanging lagi dicritakake Mbak Wiwit wingi.

Sulis semlengeren. Mulane kok keri-keri iki salone sepi. Malah tau petang dina mbethethet ora ana tamu pelanggan babar pisan . Kamangka biasane sedina paling sithik wong lima, wiwit saka potong rambut, nyemir rambut, creambath, smoothing lan sapanunggalane.

Minangka hairstylish (penata rambut} kang wis pengalaman puluhan taun, pelanggane Sulis akeh banget. Racake wis taunan dadi pelanggan tetap. Nanging usahane ajur mumur nalika mangsa pandemi taun kepungkur. Rong taun luwih meh ora ana penghasilan jalaran pengunjung mall lan jam operasional diwatesi. Saliyane kuwi wong-wong uga padha wedi menyang salon, kuatir yen ketularan Covid 19. Kepeksa kudu mungkasi kontrak stand ing mall jalaran wis ora kuwat mbayar kontrakan sing semono gedhene. Dheweke uga kepeksa nglereni pegawene cacah papat jalaran wis ora mampu maneh mbayar pegawe.

Eling-eling ora duwe kepinteran liyane sing bisa diandelake kejaba gaweyan salon, mula ora ana pilihan maneh kejaba kudu miwiti usaha wiwit nol maneh. Sawise nguras tabungan lan ngedol mobile, Sulis entuk kontrakan kios anyar sing regane murah.

Ndeleng sepisanan langsung sreg, jalaran ukurane jembar, ruangane bisa disingget dadi loro. Sing bagian ngarep kanggo ubarampe salon lan nampa tamu pelanggan, dene ruangan sisane kanggo sawernane kebutuhan, ya kanggo ngaso, masak lan sapiturute.

banner 468x60

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *