Ora mung kandheg semono. Akhir-akhir iki dheweke prasasat ora bisa turu. Yen bengi tansah prindang-prinding, kamangka biasane ora. Sering banget di rep-repi. Lagek ngliyep sedhela, rumangsane ana wewayangan ireng gedhe banget kang nindhihi awake, nganti angel ambegan. Mangkono kuwi bola-bali. Lha yen wis tindhihen ngono kuwi jarene simbah dikon malik bantal. Mangka bantal wis diwalik nanging isih panggah sering tindhihen. Lan ing tengah wengi, dheweke sering krungu swara wong wadon nangis mingseg mingseg. Wiwitane ngira yen tangga sebelahe lagi tukaran nganti sing wadon nangis. Nanging pungkasane Sulis sadhar yen kuwi dudu swarane manungsa. Njur, sering ana swarane wong wadon ngguyu mangka ing tengah wengi, banjur barange ceblok karepe dhewe ngagetake uwong, kamangka babar pisan ora didemok. Mangkono mau kedadeyane meh saben bengi. Jalaran sering ora bisa turu ing wayah bengi, mripate Sulis dadi cowong. Praupane kang biasane ayu menis saiki dadi surem, ora seger. Atine sumpeg, ora mung jalaran ora bisa turu ing wayah bengi, nanging uga mikirake usaha salone kang ndadak sepi.
“Lho kuwi ana sambung rapete, Yu. Mulane ta kawit biyen wis tak kandhani. Usaha sampeyan iki kudu dipageri, supaya ora diganggu. Aja polosan“ ujare adhine nalika Sulis curhat.
Sesuke adhine teka menyang salon, dikantheni pawongan setengah tuwa.
“Wis gek ndang crita Yu. Supaya bisa enggal ditulung“ kandhane Tarmo, adhine.
Sulis crita kedadeyane lan sajake pawongan kuwi wis paham.. Manut dheweke, salone Sulis iki akeh dhemite. Katone pancen ana wong kang sengaja ngirim dhemit supaya salone ora payu. Nanging dheweke ora gelem blaka sapa pawongan sing wis duwe pokal gawe ngganggu kuwi, mundhak dadi fitnah.
“Pokoke para dhemit niki kula pindhahaken supados mboten ngganggu malih“ ujare pawongan kuwi, banjur langsung temandang.
Sinambi umik-umik ndonga, dheweke nyiprat-nyipratake banyu ing saindhenging ruwangan. Banjur tangane ngathung athungake botol plastik bening lan gageyan nutup botole. Mangkono dibolan-bolani. Bareng wis rampung, bapak kuwi nudhuhake botol kosong. Katon botol plastik kang wiwitane resik bening iku dadi rada klawu lan ana beluk kemebul ing njero botol kang wis ditutup rapet.
“Insya Allah mboten wonten gangguwan malih. Niki sedaya pun kula lebetaken mriki. Badhe kula larung sing adoh“ ujare karo nglebokake botol- botol kang katon kosong mau ing njero tas.
Sulis saiki wis lega atine. Hawane salone katon padhang. Wis ora ana gangguwan swara swara aneh lan pelanggane wis normal kaya wingi uni. Ora rinasa anggone kontrak panggonan iki wis ngancik wulan kaping sewelas, wis meh entek. Jalaran wis duwe langganan akeh, Sulis rencana arep perpanjang kontrak.
Nanging saiba kagete bareng regane kontrakan mundhake ora kira kira. Meh tikel loro rega saiki.
“Kebiasaane pancen ngoten bu. Nek ketok dagangane laris, terus rega kontrakane diundhakna“ ujare tangga sebelahe kanthi sajak sinis, ngrasani sing duwe omah kontrakan. Tanggane iki ya ancang ancang arep pindhah kontrakan.
Sulis nggresah. Dhemit alam gaib katone wis oncat. Nanging saikine dheweke kudu ngadhepi dhemit alam nyata. Iki luwih angel ngatasine….*** Sumber Majalah Penyebar Semangat No.7 (Karya: Sasetya Wilutama)
