Senajan panggonane ing kampung, nanging cukup rame lan dadi liwatan uwong, jalaran cedhak pasar. Kanggo sauntara wektu, dheweke nginep ing salon. Mulih seminggu pisan. Ora sanggup yen saben dina wira wiri saka omah menyang salon. Ora kuwat tenagane lha wong kabeh ditandangi dhewe. Pancen kesel banget. Nanging piye maneh, kudu dilakoni.
Entuk sewulan miwiti mbukak salon, samubarange katon lancar. Para pelanggan lawas wiwit teka mbaka siji, senajan padha sambat yen lokasine saiki luwih adoh. Nanging jalaran wis kadhung cocok, senajan luwih adoh ya diparani. Semono uga Sulis wis entuk pelanggan anyar, pendhudhuk kampung sakitere salon, lan racake padha marem asil pakaryane. Saben dina salone katon rame, akeh sing rila antri nganti lungguh ing njaba. Sulis duwe pengangen-angen bakal ngundang tilas pegawene kang kepeksa banget dilereni.
Nanging nyandhak wulan katelu lan dina dina candhake, tamu salon wiwit sepi. Sedina mung siji loro, malah tau ora ana babar blas. Atine wiwit goreh. Saka rumangsane anggone nglayani pelanggan ya ora ana sing kurang. Regane ya wis diudhunake akeh, ora kaya rega umum kaya salon ing mall. Dheweke ya ora tau neka neka.
Anggone usaha ya lurus lan jujur, lan kawit biyen wis diniati golek rejeki sing halal. Lagi mikir usahane, dheweke kaget kepati nalika dhukir lemah pot kembang ing teras. Ana bungkusan cilik saka kain putih kang warnane wis mbulak amarga wis suwe kependhem lemah. Sulis gemeter bareng namatake bungkusan mau. Nyata yen kuwi kain mori kanggo mbungkus mayit. Sapa sing ndekek kono ora weruh. Aneh banget, kok bisane bungkusan mau ujug ujug ana ing njerone pot. Kamangka dheweke kang nandur tanduran kuwi ing pot, nalika kuwi ora ana barang apa-apa kejaba rabuk lan lemah. Mula, kaya pituduhe tangga sebelahe lan kanca rakete, barang nyalawadi kuwi langsung dibuwang ing kali kang iline banter.
Sulis dudu kegolong wong kang gampang percaya karo bangsane klenik. Nanging bareng ana kedadeyan iki, dheweke yakin yen usahane diganggu barang alus.
Layak pelanggan ora gelem mara. Sepine tamu pelanggan mau kaya dudu sabaene. Apamaneh critane sawatara pelanggan ngenani salon kang jarene tansah petengan, sering tutup, kaya ana sing ngedhang-edhangi lan sapanunggalane. Banjur sapa sing ngganggu usahane ? Satlerapan kepikiran salon kidul pasar kae kang ngganggu gawe. Salon mau wis manggon ana kono luwih dhisik, nanging jarake cukup adoh karo salone. Nanging rasa suudzon mau gageyan dikipatake.. Dheweke nduweni prinsip, yen kita ora ngganggu liyan, tamtu ora bakal diganggu liyan. Dheweke rumangsa ora tau ngganggu apadene ngrebut pelanggane salon kidul pasar kuwi. Yen salone katon rame sabendinane, kuwi pancen pelanggan lawas dhek isih bukak ing mall.
Sawise mbuwang bungkusan nyalawadi kuwi, tamune pancen normal maneh kaya biasane. Malah kepara entuk langganan anyar saka pendhudhuk sakitere kampung. Nanging kahanan mau ora suwe. Meh sewulan candhake gangguwane ndadak kumat maneh,
“Kok salon petengan mbak. Tutup ta mbak ?“
“Salon njenengan manggone sisih endi to. Aku wis wira-wiri kok jik panggah ora nemu“ujare pelanggan liyane.
